sugeng rawuh,

Sabtu, 18 Desember 2010

WONG WADON DINARSIH

TAMSIR AS

PENERBIT:

PT. BINA ILMU

Tapihe Dinarsih owah,rada cingkrang.Atine ora tenang.Ing dalan kepethuk Dhe supi.Banjur ditakoni Dhe saka ngendi.Sing ditakoni malah kaya wong bingung.Banjur dhe supi ngongkon Dinarsih mulih amarga melas karo bojone sing isih lara.Dinarsih kuwi wis duwe bojo sing arane Sudarmin.Sudarmin isih lara malaria,mulane Dinarsih kerep metu tuku obat kanggo bojone.tekan ngomah,Sudarmin nakoni Dinarsih kok nganti bengi lungane.Dinarsih mendingkluk ora mangsuli banjur mlebu kamar.Nangis,gelo lan nyesel yen kelingan kadadean sing nembe dilakoni.Ing dalan mau kepethuk karo wong lanang nganggo kacamata.Banjur Dinarsih crita-crita marang wong lanang kuwi yen bojone lara.Wong lanang kuwi gelem mbiyantu Dinarsih,amarga dinarsih butuh pil kina.Dinarsih melu menyang omahe wong lanang kacamata mau,jarene wong lanang kacamata duwe pil kina.Banjur tekan omahe,Dinarih mlebu,wong lanang kuwi ngunci omahe.Dinarsih digawa menyang kamar lan dikunci.Dinarsih njerit banter nanging ora ana sing krungu.Wong lanang kacamata kuwi wis nglakoni tumindak ala.Banjur Dinarsih mulihkaro gawa pil kina.
Esuke Dinarsih pamit karo Sudarmin yen Dinarsih arep niliki mbokne.Dinarsih arep nenangke atine sing ora karuan .ing dalan Dinarsih kepethuk karo wong wadon setengah tuwa.Amarga wis peteng langite,tanda arep bengi.Wong wadon kuwi ngajak Dinarsih menyang omahe,Dinarsih melu,tekan omahe Dinarsih kaget ,jebule wong wadon kuwi simboke wong lanang kacamata kuwi,Patah jenenge wong lanang kuwi.Dinarsih banjur lunga saka omahe lan langsung pamit karo simboke.Dinarsih mlaku terus mboh ra ngerti arep menyang ngendi.
Wis rong dina iki Dinarsih ora mulih.Dhe Supi karo Sudarmin bingung,asale Dinarsih pamit mung sedina tok.Sorene Dhe Supi mulih,Sudarmin ing omah dewean.Tengak-tengok ing kamar.Ing njaba ana swara tangis wadon.Sudarmin niliki metu.Kaya Dinarsih,batine Sudarmin nyedaki wong wadon kuwi.Dudu Dinarsih,nanging jenenge Latifah,Latifah banjur diajak mlebu karo Sudarmin.Latifah kuwi diusir saka kaluwargane,deweke isih meteng.Bojone Latifah ora percaya yen bayek ing wetenge dudu anake.Sudarmin krasa melas,banjur Latifah dikon manggon ing omahe lan ngrawat Sudarmin.Awit Latifah ing omahe Sudarmin,Sudarmin saya waras.Saiki wis bisa mlaku.Latifah pamit mulih,amarga wis suwe deweke ing omahe Sudarmin.
Sudarmin arep menyang omahe maratuwa,simboke Dinarsih.Ing tengah dalan,Sudarmin kepethuk Dulrakim,koncone.Dulrakim kuwi supir truk. Dulrakim ngajak bareng,lan Sudarmin munggah ana ing ngarep,jejere Dulrakim.Ing perjalanan Dulrakim crita yen tau weruh Dinarsih,nanging saiki wis ora tau weruh maneh.
Tekan omahe maratuwane,jebule Dinarsih ora ana ing omahe simboke.Sudarmin wis bingung arep goleki Dinarsih menyang ngendi maneh.Sudarmin arep mulih.Ing dalan Sudarmin weruh wong wadon ayu sing kaya Dinarsih.Sudarmin nyedaki,banjur temenan,Wong wadon kuwi mau Dinarsih.Warung kuwi anane wong lanang kabeh.Wong lanang sing ora bener.Sudrmin marani warung mau.Jebule Dinarsih kerja ing warung kuwi dadi wong wadon sing wadon sing nglayani wong-wong lanang sing ora bener.Duite saiki akeh.
Sudarmin ora sabar pengen nggeret Dinarsih lan metu saka warung,ananging Sudarmin ora pengen ana kaributan ing kuwi.Sudarmin duwe niyat sesok arep mrana maneh.Esuke Sudarmin teko menyang warung kuwi lan langsung nggeret Dinarsih metu.Dinarsih diajak Sudarmin menyang alas sing sepi.Dinarsih dikampleng,nanging sing dikampleng malah ora sadar-sadar.Dinarsih wis njaluk ngapurani.Sudarmin jengkel nemen lan pengen mateni Dinarsih.Dinarsih dicekek lan Dinarsih wis ora ana nyawane.Banjur mayite Dinarsih digawa menyang njero gua cedhak alas sing sepi.
Let pirang dino Sudarmin kaya wong stress,wedi,amarga wis mateni bojone dewe.Sorene ana polisi karo Pak Lurah ing omahe.Banjur Sudarmin digawa menyang kantor polisi,ing kana ana mbokne.Akhire Sudarmin ngaku yen sing mateni Dinarsih kuwi Sudarmin.Sudarmin dipenjara sepuluh taun.Sudarmin wis ngakoni kesalahan,dosane gede.
Sakwise sepuluh taun,Sudarmin metu saka penjara.Sudarmin wis ketok alim,saiki sholate sregep.Ing dalan kepethuk latifah sing mbiten tau manggon ing omahe.Latifah crita yen Latifah wis pegatan karo bojone.Banjur Sudarmin duwe rencana arep nikahi Latifah.Latifah manut wae,amarga ben anake duwe bapak.Let pirang dina Sudarmin karo Latifah dadi manten.










Proses Sensoris:
Nalika maca novel ”Wong Wadon Dinarsih” ana proses sensorik sing kadadean yaiku awakku pegel-pegel amarga maca karo turu saengga aku mlaku ing dapur njupuk jajan banjur tak pangan.
Proses Psikologis:
Nalika maca “Wong Wadon Dinarsih” ana proses Psikologis sing kadadean yaiku anggawe atiku trenyuh kaya-kaya melu ing njero critane lan rasa pengen ngerti crita sak banjure.
SINOPSIS
ANTEPING TEKAD










DISUSUN OLEH:
NAMA: DIAH PUSPANITA UTAMI
NIM: 2102408014
PRODI: PEND. BAHASA JAWA, S1



Sak rampunge nampa ijasah SMP, Irah banjur bali ana ngomah. Kaya biasane ngrampungake pagawean sakben dinane, amarga wong tuwane wis ora iso mbiyayani sekolahe maneh. Sakjane pepenginane Irah tetep nerusake sekolahe ana ing SMA, nanging dheweke yo mung iso nggetuni nasib.
Ora let suwe ana suwara slenting-slenting, bocah wadon umur 16 taun ana desa wis dipandheng gedhe, wis enggal kudu diomah-omahke. Irah sebel yen krungu slentingan kuwi mau. Ibu yo ngendhika yen aku wis dilamar marang wong sing duwe sakkabehane. Nanging Irah tetep ora nyetujoni omah-omahan kuwi mau, amarga omah-omahan marang wong sing ora ditresnani lan uga wong kuwi mau senengan gonta-ganti bojo.
Kanthi rasa manthep Irah lunga menyang Jakarta, padahal ing Jakarta ora duwe pepenginan arep ngopo. Ing kono, Irah ketemu karo kanca sekolahe biyen yaiku Isti sing saiki wis urip ing Jakarta lan omah-omah karo dokter. Amarga isin lan pekewuh, Irah kepekso goroh arep lunga menyang bogor ning sedulure. Sak tekane Bogor, ora sengaja ketemu Kenya apikan banjur ditawani kon ngancani Kenya kuwi mau ing ngomahe, Bu Dibya naminipun Kenya mau. Wis seminggu ana ing omahe Bu Dibya, kok dumadakan ana wong mbutuhake abdi yaiku keluwargane Pak Tarno. Irah langsung mangkat ing pagawean anyar kuwi mau.
Ning keluwargane Pak Tarno, Irah krasa yen uripe kepenak. Sakbendina momong Cahyo, mangan sedina kaping telu ora kaya urip ning desane. Arep mangan wae angel. Luwih-luwih keluwarga Sutarno sing luhur budine, ora ngremehake karo wong sing ana ning sak ngisore. Ing kono Ny. Sutarno duweni adik naminipun Sundoro. Den Sundoro isih kuliah ing salah sawijining universitas, lan kepengin nerusake sekolah ing luar negri.
Sakbendinane, Irah ngurmati lan ngladeni tamu-tamunipun Den Sundoro yaiku para mahasiswa sing mampir ing omah. Salah siji kancane Den Sundoro yaiku Sukri ana ati marang Irah, bola-bali ngirim layang kanggo Irah sing tujuane ngajak omah-omah. Nanging ora kok balesi karo Irah, amarga ora ana rasa apa-apa karo Sukri. Sakjan-jane malah ana rasa karo Den Sundoro awite nalika Den Sundoro nyepengi tangane Irah amarga ngepasi Irah lagi duwe perkawis lan Den Sundoro menehi saran-saran kanggo ngrampungake masalahe. Nanging Irah sadar menawi Den Sundoro sampun gadhah pepacangan yaiku mbakyu Utami, sing wis kajalin nganti patang taun iki. Saksuwene Irah ana ing kono, yo ana wae cobaan-cobaan liyane. Gimin, abdi sing kerja ing kono yo duweni rasa marang dheweke. Kanthi ngurmati, Irah ora nrima katresnane Gimin.
Nalika Irah diutus Den Sundoro mundhut jeram lan ndamelaken unjukan kagem Den Sundoro, ora kanyana-nyana Den Sundoro ngungkapake piraosipun marang Irah. Dheweke tresna lan kepengin omah-omah karo Irah. Semana uga, Irah yo kadung tresna marang Den Sundoro. Nanging Irah ora bisa nrima katresnanipun Den Sundoro amarga ngingeti kepriye rasane yen dadi mbak Utami. Mbak Utami sing apikan, pangerten sanajan dheweke keturunan ningrat nanging tetep ngurmati marang wong liya. Den Sundoro yo nyadari perkawis kuwi mau, wong loro kuwi yo mung isongungkapake katresnan sing ora bisa dadi kasunyatan. Irah banjur nyritakake jalaran iso tekan kene, sak benere jeneng asline dudu Irah nanging Indiah. Indiah nyaranke kepriye Manawa aku lung saka omah iki? Supaya Den Sundoro iso urip tentrem karo mbak Utami. Kanthi abot, Den Sundoro ngurmati keputusane Indiah lan maringi arta Rp.500.000,00 karo ali-ali kang kaukir asmane Den Sundoro.
Gimin sing ngerti perkara kuwi langsung crita marang Ny. Sutarno. Ngerti bab kuwi, Ny. Sutarno bingung lan nakoni Den sundoro kepriye benere, krana kuwi Den sundoro matur apa anane. Semana uga Ny. Sutarno takon marang Indiah, Indiah mung iso nyuwun pangapura. Dheweke matur arep lunga saka Bogor supaya uripe Den Sundoro karo mbak Utami tansah tentrem nganti mbesuke. Ngerti pangorbanane Indiah, Ny. Sutarno trenyuh uga muwun lan ndongakake muga-muga indiah nemoke priya kang dadi idhamane. Sakuwise kuwi Indiah pamit lunga, sak durunge lunga Indiah gawe surat kanggo den Sundoro supaya ora goleki lungane Indiah.
Kanthi sedih Indiah pamit marang Ny. Sutarno lan uga titip surat kagem Den Sundoro. Ny. Sutarno yo sempat nyangoni Rp.10.000,00 kanggo jaga-jaga ing dalan. Arep ora ditampa karo Indiah, nanging ngelingi bebudene sing luhur Ny. Sutarno kapekso yo ditampa.
Sak tekane ing kampunge, Indiah banjur ngrumati wong tuwa lan adhine. Kabeh padha seneng nyambut tekane Indiah. Indiah uga matur yen arep lunga maneh menyang Jakarta golek pagawean lan nerusake cita-citane. Wong tuwo yo mung bisa maringi donga saka adoh, lan muga-muga cita-citamu iso kedurusan, kowe ning kana yo sing ngati-ati aja teledor, kuwi pesene pak siswi wong tuwane Indiah.
Udarasa telungdina wis tekan Jakarta, ning kana Indiah nyambut gawe uga ngancani Ny. Sujoko sing arep ditinggal lunga karo Pak Sujoko ana luar negri kanggo nerusake sekolah kedokteran. Indiah krasan ana daleme Ny. Sujoko lan bisa crita apa wae marang Ny. Sujoko sing dadi uneg-unegke ana jroning ati. Indiah ora iso ngapusi atine dhewe, kabeh mau dicritakake lan uga asal-usule ali-ali iki dicritakake marang Ny. Sujoko. Kejaba kuwi Indiah nyritakake pepenginan sing arep digayuh yaiku kepengin sekolah ana ing SMA. Ny. Sujoko tanggap kabeh apa sing dicritkake Indiah mula Indiah terus disekolahake ana SMA budaya nanging Indiah tansah bantu apa wae marang keluwargane Ny. Sujoko menawa isuk ngrumat bayi sak rampunge uga gawean ana ing ngomah, sak bubare iku sore mangkat sekolah.
Sawijining dina nalika Irah diterake tuku sragam karo Suparno, adhine Ny. Sujoko. Ora sengaja ketemu karo Ny. Sutarno, mbak Utami, lan Den Sundoro ana ing Restoran. Kanthi wedi lan ndredeg Indiah ngajak Suparno supaya langsung bali. Ing ndalan suparno bingung, ana apa Indiah nganti keweden lan ndredeg kaya mangkono, nanging Suparno yo mung isa mbatin.
Sesuke ing bandara nalika nderekake Pak Sujoko, Indiah ketemu Den Sundoro, mbak Utami, lan Ny. Sutarno. Atine Indiah tan saya ndredeg, saka mburi Mbak Utami nyikepi lan nangisi Indiah. Loro-lorone pada nangis bareng. Sakwise kuwi mbak Utami banjur mbisiki “Aku wis ngerti kabeh critamu karo mas Sundoro, aku utang budi marang kowe in. matur nuwun yo Indiah, krungu kuwi Indiah nangis nggugug. Mbak Utami uga pamitan arep lunga ning Amerika siji utawa rong taun karo mas Sundoro. Sak uwise ketemu kabeh kuwi mau, Indiah banjur bali ana ing daleme Ny. Sujoko. Let pirang dina, ing omahe Ny. Sujoko Indiah ketemu karo kanca biyen sing entuk bojo Dokter jenenge Isti, sing mbeneri mbesuk putra bayine Ny. Sujoko kang aran Ari. Ning kono Indiah karo Isti ngrencanakake tetemonan karo kanca-kancane biyen ana ing minggu ngarep.
Ing pertemuan kuwi, ora sengaja ketemu Suwondo, pegawai Departemen Keuangan sing jaman dhisik dadi kanca sekolahe uga nresnani Indiah. Amarga bar lulusan SMP Indiah lunga, banjur wong loro mau ora nate ketemu. Wiwit pertemuan kuwi, Suwondo kerep mara ing daleme Ny. Sujoko nyritakake katersnan suwondo marang Indiah. Nanging indiah ora bisa nampa, amarga Indiah wis mantep arep nresnani Den Sundoro nganti sak suwene urip.
Nuju sawijining dina, Suwondo mara ing daleme Ny. Sujoko ngajak adhik ipare yaiku Sukri. Sukri kaget banget ditemokake karo Indiah, indiah yo semana uga kaget amarga Sukri wis nikah karo adhine Suwondo. Sukri banjur nyritakake nalika dek biyen diutus mulih ing kampunge amarga ibune gerah. Jebule diutus nikah karo pilihan ibune. Kanthi abot Sukri yo nuruti dhawuhe wong tuwa. Ana ing wektu iku dumadhakan Sukri mak nyat atine, trenyuh tresna marang Indiah. Mula saka iku, Sukri ora kenyana-nyana langsung ngajak rembugan omah-omah karo Indiah lan arep megatake bojone sak iki. Indiah tetep ora iso nampa lamarane Sukri kuwi mau, amarga tresnane mung kanggo Den Sundoro. Indiah uga ngandani marang Sukri supaya nresnani marang garwane lan au uga seneng banget yen mas Sukri iso urip tentrem karo anak bojone. Gandheng wis keputusane Indiah kaya mengkono, Sukri mung bisa meneng wae. Sakwise kuwi, Indiah banjur langka ketemu maneh karo Sukri.
Ora ana pratanda apa-apa Indiah entuk kiriman layang saka Amerika, sing isine maringi kabar menawa mbakyu Utami seda amarga nglairake anake kang aran Utomo. Indiah banjur semaput ora kelingan apa-apa. Ny. Sujoko karo Suparno nyadarake Indiah lan Indiah nyritakake perkarane kanthi runtut. Mbakyu Utami di sarekake ana Jakarta lan putrane dipuntitipaken dhateng eyangipun Jakarta. Indiah mung bisa ndongakake muga-muga mbakyu Utami tansah dingapura dosane lan ditampa ana ngersane Gusti ingkang maha agung. Lewat saka iku, Indiah duwe pangarep-arep supaya bisa ngrawat Utomo, putranipun mbak Utami.
Wis pirang-pirang wulan, indiah ngenteni kabar saka Den Sundara nanging ora ana kasile. Nalika wis rampung maca surat saka desane ngabari yen adhine arep omah-omah. Suparno nyritake pangrasane marang Indiah, Indiah kaget marang kejujurane Suparno ngajak omah-omah karo Indiah. Suparno uga ngomoni yen wis suwe kowe ngenteni mas Sundoro nanging ora ana kasile. Wis in….. kowe yo ora ngerti ta sak iki sing ngrawat putrane mas Sundoro ki yo sopo? Sopo ngerti nek wis dirumat karo Kenya liya, wis yo in galihen lan emanen awakmu dhewe. Aja sok njagakke ndogke si blorok mengko ndak malah cuwa atimu. Kepriye menawa karo aku wae? Muga-muga sak saulihku saka Bangkok dhik in wis bisa menehi kaputusan marang aku, kuwi sing di ngendikake mas Parno. Indiah banjur nyritakake pangare-arepane Suparno marang dheweke, karo Ny. Sujoko. Ny. Sujoko setuju karo sapa wae sing dipilih Suparno. Indiah uga pamit setunggal minggu wangsul dhateng kampung. Sakderengipun Indiah wangsul, Indiah blanja-blanja riyen numbasi keperluwan penganten putri lan kakung. Sak sampunipun tumbas, lajeng nata-nata napa kemawon ingkang badhe dipun betha. Ing sak suwene tata-tata mau, Indiah terus kelingan dhateng kawontenanipun piyambak. Kathah ingkang miraosken Indiah supados cepet omah-omah. Kadospundi anggenipun badhe njawab dhateng mas Suparno? Amargi Kesaenanipun Dokter sujoko lan mas Suparno piyambak sampun mboten nguciwani. Dheweke isih begja bisa entuk priya kaya mas Suparno, kanthi bingung Indiah maca maneh surat saka Amerika kang anane mung langut-langut kabeh anggawe Indiah netesake luh nganti dleweran. “Wis tekan kene wae sambunganku karo panjenengan mas sundoro, puluh-puluh wis begjane awaku mbok menawa panjenengan pancen dudu jodhoku. Dene wis suwi temen aku ngenteni nanging panjenengan tansah sepen wae”. Indiah banjur ngengeti ali-ali sing dienggo, “Ali-ali iki yen kowe saklawase bisa setya marang aku, nanging kudu dak copot lan dak kirimake bali marang sing duwe wewenang….”
Nalika Indiah ngomong dhewe karo nangis ing kamar. Ana tamu sing kepengin ketemu karo Indiah. Sapa maneh yen ora Den sundoro. Wong loro-lorone banjur nyritakake kabeh sing dilakoni ing sakjroning taun iki. Den Sundoro ngajak Indiah supaya ngrawat Utomo, anakke. Indiah banjur gelem omah-omah karo Den Sundoro. Sak uwise kuwi suparno teko lan wis ngerti maksud tujuane Den Sundoro ing omahe Ny. Sujoko, ora liya kejaba methuk Indiah. Suparno mung iso ndongakake supaya uripe mas Sundoro lan Indiah tentrem lan adem ayem uripe. Sakbanjure Indiah lan mas Sundoro nyuwun pangestunipun dhateng keluwarga ibu Sujoko.